Background

Background

Silahkan klik beberapa gambar di bawah ini

  • image1
  • image2
  • image3
  • image4
  • image2
  • image1
  • image4
  • image3
Ciri" uwong soko entut e
1. Wong sing ORA JUJUR
Wong sing nek ngentut terus nyalahke wong liyo.
2.Wong GOBLOG
Wong sing ngempet ngentut sampai jam-2-an.( dadi udun ngko )
3. Wong sing JEMBAR WAWASAN’E
Wong sing ngerti kapan kudu ngentut.
4. Wong sing SENGSORO
Wong sing pengin banget ngentut ning ora iso ngentut.
5. Wong sing MISTERIUS
Wong sing nek ngentut wong liyo ora ono sing ngerti.
6. Wong sing GUGUPAN
Wong sing ujug-ujug nyetop entute nek pas lagi ngentut.
7. Wong sing PERCOYO DIRI (PD)
Wong sing ngiro nek entute dhewe ambune mesti wangi.
8. Wong sing KEJEM (SADIS)
Wong sing nek ngentut terus dikibasno nang koncone.
9. Wong sing ISINAN
Wong sing nek ngentut terus ke’isinan dhewe.
10. Wong sing STRATEGIS
Wong sing nek ngentut ning ngarep’e wong lio iso nylamurke entut’e nganti wong lio ora kepikiran maneh.
11. Wong sing BODHO
Wong sing nek bar ngentut terus ambegan njero-njero dienggo ngganti entute sing metu.
12. Wong sing GEMI
Wong sing nek ngentut metune diatur sethithik-sethithik.( tit-tit-tiiitttttttttttttttttttttttttttttttttt )
13. Wong sing SOMBONG
Wong sing seneng ngambu entute dhewe, bature gak di bagehi.
14. Wong sing RAMAH
Wong sing seneng ngambu entute wong liyo.
15. Wong sing ORA RAMAH
Wong sing nek ngentut malah mendhelik lan ngamuk-ngamuk.
16. Wong sing KE-KANAK-KANAK-AN
Wong sing senenge ngentut nang njero banyu ben iso ngematno munine blekuthuk-blekuthuk.
17. Wong sing ATLETIS
Wong sing nek ngentut karo ngeden.
18. Wong JUJUR
Wong sing ngakoni nek awak’e bar ngentut.
19. Wong PINTER
Wong sing iso niteni ambune entut wong lione.
21. Wong SIAL
Wong sing dientuti terus karo wong lio.
22. Wong sing KURANG KONTROL DIRI
Wong sing nek ngentut mesthi katutan ampase.
23. Wong sing ORA IKHLAS
Nggak mambu entute dewe wong liya sing mambu muring-muring.
24. Wong sing GEMI
Wong sing menowo ngentut metune swara entut di-endat-endat dadi ping 7.( tut-tut-tut-tut-tutttttttttttt )
25. Wong sing SOK AMAL
Wong sing menowo ngentut metune dibrolno sak ampase.( mak bhruuuuoooottttzzzz…….. )
26. Wong RA NGGENAH
Angger ngentut silite ditempeli terompet ben samsaya banter swarane.
27. Wong RA UMUM
Wong yen ngentut dilagok’ake.( tat-tit-tut-tot-tetttttttttttttttttttttttttttttttttttttttttttt )
28. Wong PENSIUNAN PRAJURIT
Yen ngentut di-penggak-penggak kareben swarane kadya unining bedil.
29. Wong RA SABARAN
Wis ngueden methuthut ra muni entute malah bole sing metu.
30. Wong RADUWE GAWEAN
Ndiskusekake soal entut (kayata sing maca).
31. Wong GENDHENG: Wong sing ngamati ciri-ciri-ne wong liya saka carane ngentut!( koyo sing moco )
padakno karo sabendinone sampean sedoyo…hehehe….
1. Wong Resikan
Wong seng nek ameh ngupil, wisuh sek. terus nek bar ngupil yo wisuh nggo sabun terus irunge di kompres nggo alkohol ben hura infeksi.

2. Wong seng mottone "waktu adalah uang"
Nek ngupil bolongan 2 dileboni kabeh. jare sesuai pepatah ( sekali mendayung 2 pulau terlampaui)

3. Wong seng Hura berpendidikan
Nek ngupil nggo tangane wong lio

4. Wong Bodho
Nek bar ngupil, upile terus dipangan karo ngomong "rasane asin"

5. Wong pinter
Wong seng niteni upile wong seng tememplek

6. Wong pelit
Wong seng bar ngupil, terus di lebokne nang bolongan sijine

7. Wong sial
Wong seng di ulapi terus karo upile kancane

8. Wong gemi
Wong nek ngupil ditili upile sitik-sitik

9. Wong seng pilih kasih
nek ngupil mek bolongan sijine, terus seng bolongan liane hura digagas

10. Wong hura nggenah
Nek bar ngupil, terus upile diwenehi gendero siji-siji

11. Wong seng hura sabaran
Nek ngupil godokan, hura eneng upile wulu irung seng dijabuti

12. Wong sadis
Nek ngupil nggo arit, Pedang, glati, lading dll

13. Wong seng kerian
Wong nek pas ngupil karo ngguyu

14. Wong sombong
Wong seng seneng mangan upile dewe

15. Wong misterius
Kabeh hura ngerti kapan seng ngupil, ngerti-ngerti upile wes tememplek nangendi-ngendi.

16. Wong lalen
Nek pas ngupil, tangane wes dilebokne nang bolongan irung, terus lali ameh ngopo.

17. Wong taat beragama
Berdo'a dulu sebelum ngupil

18. Wong seng jembar wawasane
Wong seng ngerti kapan kudune ngupil

19. Wong sengsoro
Wong seng pengen banget ngupil, tapi irunge hura upilen

20. Wong seng Percoyo Diri
Wong seng ngiro upile mesti rasane legi

21. Wong hura jujur
Nek bar nemplekke upil, terus nyalahke wong lio..

22. Wong jujur
Nek bar nemplekke upil terus ngaku nek kui upile dewe

23. Wong rakus
Nek enek Upil seng tememplek mesti diaku nggone dewe

24. Wong uteke mesum
Wong nek ngupil tangane dilebokne, ditokne, dilebokne, ditokne, terus2an sampe metu lendir'e

25. Wong kurang gawean
Ndiskusekne so'al upil (koyo seng moco), terus cengengas-cengenges terus pengen ngupil